Selasa, 24 September 2013

Manungso ngudi gegayuhan


Ngene iki sing diarani Manungso,
Okeh sing digayuh,koyo-koyo ndonyo iki iso
dipecaki,
Podo ora ngerti,yen manungso iku sejatine
ringkih,ora duwe doyo,
Sing kudu kito weruhi,sing jenenge manungso iku
dititahake podo
Dek wiwit biyen ngati saiki,ojo ngunggung marang
sapodo-podone titah
Yen kito iki diparingi weruh krungu lan kroso
samumbarang iku wis kinodrat
Lan tansah melu mbarengi karo mlakune kahanan.
Dadi siro ora usah kuwatir,piye lan piye.
Kabeh iku, elek apike kahanan ndonyo,
Gusti Ingkang Moho Kuwoso sing ngersakake.
Ayo ngetutne ae koyo miline banyu,
Duweni gegahuyuan iku ora kudu dijaluk,disuwun
ning
Isoo dimangerteni ubah musike kahanan iki lan iso
ngetukne kanthi bener.
Sing kudu siro weruhi ndonyo iki ora langgeng
Dadi yen rumongso urung kaleksanan anggone
Nggayuh kamulyanning ndonyo,ojo cilik ati.
Mulo soko iku onone beban nang alam ndoyo iki,
ayo podo usaha kanti temen2 lan dipasrahne marang Gusti Kang Murbeng
Dumadi.
Gusti Alloh wis weruh sekabehe.
“Duh Gusti Ingkang Moho Agung,
Matur sembah nuwun sanget
Sekathahe kanugrahan,kamulyan,
Ingkang sampun dipun paring aken dumaten
kulo,
Soho kulo tansah nyuwun gungnge pangapunten
ingkang Agung
Sakathahe doso lan kalepatan kulo.Matur nuwun”